4 Contoh Pidato Bahasa Jawa

Pidato Bahasa Jawa

Pidato Bahasa Jawa – Tak hanya dalam bahasa Indonesia saja, berpidato juga bisa dilakukan dengan bahasa daerah, seperti bahasa Jawa. Adapun teks pidato atau berpidato dalam bahasa Jawa disebut dengan sesorah.

Sesorah atau pidato biasa disebut medhar sabda, yaitu melahirkan gagasan, pendapat, atau bisikan hati melalui sarana lisan di depan orang banyak. Jika demikian, beberapa orang yang dipanggil menjadi direktur eksekutif atau komite eksekutif juga termasuk di antara ribuan orang yang sama, tetapi dengan tanggung jawab yang berbeda.

Pidato atau berbicara di depan banyak orang memang tidak mudah, maka dari itu harus dipersiapkan dan sering dipraktekkan atau dilatih.

Sesorah adalah kegiatan berpidato dalam bahasa Jawa yang mengungkapkan gagasan, pendapat, atau bisikan hati melalui sarana lisan di depan orang banyak. Sesorah sendiri biasanya dilakukan dalam berbagai tujuan berbeda.

Tujuan sesorah tersebut misalnya menyambut para tamu yang hadir di suatu acara, menceritakan satu hal atau peristiwa tertentu kepada hadirin yang ada, ucapan terima kasih kepada seseorang atau lembaga, atau berupa penyuluhan untuk meyakinkan hadirin dalam melakukan kegiatan atau menyetujui sesuatu.

Sesorah memiliki struktur yang terdiri dari beberapa hal penting yang harus disampaikan secara berurutan, yaitu:

  • Uluk salam atau salam pembuka.

Purwaka basa atau pembuka yang berisi atur pakurmatan, atur puji syukur dhateng pangeran, lan atur panuwun.

  • Surasa basa atau isi pidato yang berisi pangarep-arep, pangajak-ajak, lan nyuwun pangapunten.
  • Dudutan atau ringkasan isi sesorah.

Pangarep-arep lan pesen atau pesan-pesan yang disampaikan kepada pendengar pidato. Wasana basa atau ucapan terima kasih dan maaf atas keseluruhan pidato.

  • Salam panutup atau salam penutup.

Pidato Bahasa Jawa Singkat

  • Contoh Pidato Bahasa Jawa Tema Unggah-Ungguh 

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Rukun Makmur Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu SMP Rukun Makmur Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP Rukun Makmur Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun dumateng Allah SWT, saengga wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing papan menika tanpa alangan.

Sholawat lan salam mboten kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW.

Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, Keparenga kula, Amalia, ing wekdal menika ngaturaken sekedhik irah-irah babagan budi pekerti tumrap kita sedaya konjuk nguri-uri budaya jawi wiwit nglaksanakake unggah ungguh utawi budi pekerti kanthi sae saestu supados urip bakal ayem, tentrem, saha bagya.

Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, unggah ungguh ing wekdal menika sejatosipun sampun mrihatinake. Mila, kita kedah sami-sami sinau babagan unggah ungguh tumrap tiyang sepuh, sesepuh, saha saking Bapak Ibu guru. Cekap semanten atur saking kula. Menawi kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb

  • Contoh Pidato Sambutan Pernikahan  

Assalamualaikum Wr. Wb.

Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati. Soho poro tamu undangan walimatul ursy lan sedoyo pengantar penganten ingkang kulo hormati.

Wonten ing mriki kawulo minangka wakil saking tiyang sepuh ( wali ) temanten jaler inggih puniko Bpk. Tasroni sekeluarga, soho minangka wakil sedoyo pengantar kemanten sangking desa Karangdempel,

keparengo matur sepindah bilih sowan kulo sak rombongan mulai bidal sangking desa Karangdempel ngantos dumugi dusun Sikancil mriki Alhamdulillah bilih kawontenan kulo sak rombongan wonten ing perjalanan dipun paringi wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo.

Kaping kalihipun kawulo matur nuwun sanget dumateng Bapak H. Tuban sekeluargo, dene menopo kulo sak rombongan tansah dipun sediakan papan pinarakan soho hidangan-hidangan ingkang tansah ngremenaken dumateng manah kawulo, boten sanes mugi-mugi sedoyo meniko tansah ndadosno amal ingkang dipun trami wonten ngarsanipun Allah SWT. Amin.

Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan

  • Contoh 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMA Banyuripan. Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SMA Banyuripan.Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMA Banyuripan sedaya.

Puji syukur ngaturaken in ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih awit ing wekdal menika kita taksih pinaringan karaharjan saengga ing wekdal menika kita saged makempal.

Kula, saha wakil saking kelas kalih welas (12) ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dumateng kula lan rencang-rencang, saengga kita saged ngrampungake kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan SMA Banyuripan.

Kula lan rencang-rencang naming saged ngaturaken pandonga mugi-mugi amal lan kasaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Allah SWT, tansah pinaringan kawilujengan, kasarasan, lan katentreman, saengga kita saged nggulawenthah dhateng para murid ngantos paripurna kanthi biji ingkang sae.

Kula lan rencang-renang ugi nyuwun gunging pangapunten awit asring ndamel Bapak Ibu Guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih Bapak Ibu Guru sedaya.

Dhumateng Bapak Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat Gusti Allah. Aamiin..Aamiin…Aamin.  Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb

  • Contoh 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Demikianlah pembahasan mengenai pidato Bahasa Jawa. semoga bisa bermanfaat dan dapat menambah pemahaman kita semua mengenai pidato Bahasa Jawa ini, terima kasih.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *